Senin, 06 Januari 2014

SERAT GALIHSARI III

Dalam Al-Qur'an : Bertakwalah kepada Allah dengan sebenar-benarnya ketaqwaan
Dalam Hadis : Dan pergaulilah manusia dengan akhlak yang baik

SERAT GALIHSARI II

Ilmu menika kedah dipun  disikaken sakderengipun  amalan lan ucapan. Mboten dipun trima ngibadahipun sawijining tiyang ingkang nglakoni tanpa dedasar ilmu. Saking menika ilmu merupakan dasar penentu kualitas amalipun manungsa.
Al-Hafidz al-Aini ing ndalem kitab syarh shahih Bukhari nyaosaken pangandikanipun  Ibnul Munayir inkang nyebataken :
  Sak leresipun ngilmu menika syarat sah ucapan lan pakaryan. Ucapan lan pakaryan mboten badhe dipun biji kejawi ngangge ngilmu. Amargi saking menika, ngilmu  kedah dipun disikaken       sakderengipun ucapan lan pakaryan. Amargi ngilmu ingkang badhe nemtok'aken sah lan mbotenipun niat, lan niat ingkan badhe nemtokaken sah lan mbotenipun amal.