Ilmu menika kedah dipun disikaken sakderengipun amalan lan ucapan. Mboten dipun trima ngibadahipun sawijining tiyang ingkang nglakoni tanpa dedasar ilmu. Saking menika ilmu merupakan dasar penentu kualitas amalipun manungsa.
Al-Hafidz al-Aini ing ndalem kitab syarh shahih Bukhari nyaosaken pangandikanipun Ibnul Munayir inkang nyebataken :
Sak leresipun ngilmu menika syarat sah ucapan lan pakaryan. Ucapan lan pakaryan mboten badhe dipun biji kejawi ngangge ngilmu. Amargi saking menika, ngilmu kedah dipun disikaken sakderengipun ucapan lan pakaryan. Amargi ngilmu ingkang badhe nemtok'aken sah lan mbotenipun niat, lan niat ingkan badhe nemtokaken sah lan mbotenipun amal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar