Senin, 06 Januari 2014

SERAT GALIHSARI III

Dalam Al-Qur'an : Bertakwalah kepada Allah dengan sebenar-benarnya ketaqwaan
Dalam Hadis : Dan pergaulilah manusia dengan akhlak yang baik

SERAT GALIHSARI II

Ilmu menika kedah dipun  disikaken sakderengipun  amalan lan ucapan. Mboten dipun trima ngibadahipun sawijining tiyang ingkang nglakoni tanpa dedasar ilmu. Saking menika ilmu merupakan dasar penentu kualitas amalipun manungsa.
Al-Hafidz al-Aini ing ndalem kitab syarh shahih Bukhari nyaosaken pangandikanipun  Ibnul Munayir inkang nyebataken :
  Sak leresipun ngilmu menika syarat sah ucapan lan pakaryan. Ucapan lan pakaryan mboten badhe dipun biji kejawi ngangge ngilmu. Amargi saking menika, ngilmu  kedah dipun disikaken       sakderengipun ucapan lan pakaryan. Amargi ngilmu ingkang badhe nemtok'aken sah lan mbotenipun niat, lan niat ingkan badhe nemtokaken sah lan mbotenipun amal. 

Senin, 02 Desember 2013

SERAT GALIHSARI I

Alam donya sak isine menika cinipta kanti endah dening Allah SWT. Ing wayah enjang sang surya jumedul, anggugah sak kathahing mahluk supados ngudi panguripan lan sakkalangkung kasengsem kaliyan kaendahaning enjang. Ing wayah siang sang surya sumorot madhangi jagad sak isinipun nglantaraken sakehing manungsa ngupaya kabegjan. Ing wayah ndalu, Kartika ing angkasa kagelar maneka warni, kerlap-kerlip ngrenggani langit.
Sedaya kaendahan menika mratandani bilih Gusti Allah SWT ingkang akarya jagad sanget remen dumateng kaendahan. "Allah Maha Indah".
Kasebat ing agami manawi manungsa cinipta dening Allah SWT, lan katurunaken ing bumi menika kapatah supados dados khalifah ing bumi. Sifat-sifat ipun manungsa sebagai kalifah, inggih kedah nyaketi Sifat-sifatipun Allah SWT, termasuk ugi sifat "tresna dumateng kaendahan."

I.  Allah SWT Maha Indah lan tresna dumateng Kaendahan 

Kedadosan ingkang  nyebabaken wontenipun Hadis Nabi Saw :  إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ  Sakleresipun Allah SWT Maha Indah lan tresna dumateng kaendahan, inggih menika rikala salah satunggaling sahabat Rasulullah Saw tangklet dumateng sabdanipun Rasulullah Saw ingkang mekaten : لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ حَبَّةٍ مِنْ كِبْرٍ    ,mboten  mlebet suwarga sinten kemawon ingkang  nggadahi rasa sombong ing batinipun walaupun namung sakwijining zahrrah.

Sak sampunipun midanget sabda Rasulullah Saw bab bahayanipun sifat sombong, salah sawijining sahabat banjur tangklet dumateng Rasulullah:"Ya Rasulullah, lajeng kepripun dumateng tiyang ingkang remen dumateng ageman lan sandal ingkang endah ing warni?". Midanget pitakenipun sahabat, Malik bin Murra'ah dan Abu Raih'a-nah, menika Rasulullah Saw banjur ngendika sabdanipun : إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ  .

Ing hadis menika, ngandung konsep pepenget dumateng bahayanipun sifat takabbur saha kecaman dumateng tiyang-tiyang ingkang takabbur. Perkawis menika dipun salahpahami kaliyan sebahagian sahabat ingkang nganggep bilih ngagem pakaian ingkang sae sarta ngagem sandal awis lan kuat inggih termasuk ing bagian sampun bersikap takabbur. Oleh karena itu Rasulullah Saw menjelaskan bahwa takabbur yang sesungguhnya adalah pengingkaran terhadap kebenaran (al-h{aqq) dan memandang rendah manusia. Adapun menyenangi keindahan merupakan hal yang disyari’atkan sebab Allah Swt Maha-Indah, menciptakan keindahan, dan senang melihat kenikamatan yang telah dikaruniakannya tersebut dimanfaatkan dengan baik oleh hamba-Nya selama dia tidak merendahkan dan menghina manusia. Jika seorang hamba menggunakan kenikmatan tersebut untuk berlaku angkuh dan sombong dihadapn manusia lainnya, maka Allah Swt akan mengharamkan nikmatnya tersebut dipergunakan selanjutnya, dan mereka yang melakuannya terancam berada ditempat yang paling menyesakkan lagi penuh dengan siksaan.

Ing Al-Qur'an, Surat Al-A’raf  ayat 31, inggih dipun sebataken mekaten :
Hai anak Adam, nganggoa klambi kang endah yen sira mlebu ing masjid, mangan dan ngombea, lan aja sira berlebih-lebihan. Sakbenere Allah ora seneng marang wong-wong kang  berlebih-lebihan.



Minggu, 01 Desember 2013

Kawicaksanane Kanjeng Sunan Kalijaga

Sak tunggaling episode carios mahabarata asli India, wonten ingkang nyebataken rikala Pandawa hanglakoni dados brahmana. Ing ngriku kasebataken, Ibu Kunti dawuh pesen marang putra-putranipun supados urip rukun, yen angsal bebungah utawi sedekah saking tiyang sanes supados didup rata.
Ing sakwijining dinten, Raden Arjuna menangaken sayembara mboyong dewi Drupadi. Sak wangsulipun saking sayembara, raden Arjuna matur kaliyan ibunipun.
Arjuna : " Ibu, kula pikantuk bebungah ingkang sanget endah warninipun."
Ibu Kunti ingkang nembe sibuk masak ing pawon, wangsulan tanpa noleh dateng Arjuna.
Ibu Kunti:  " dibagi rata karo sedulur-sedulure, ya ngger..."
Saiba kagetipun ibu Kunti bareng ngertos yen sing di beta Arjuna menika wanodya sulistya ing warni. Amargi mboten pengin cidra ing pangandika, akhiripun dewi Drupadi dipun nikahaken kaliyan sedaya Pandawa lima.
Menika crita saking India....
--------------------------------------------------------------
Bebarengan kaliyan masukipun agami "majusi" saking India dumateng tanah Jawa, carios mahabarata ugi mlebet dateng tanah Jawa. Carios poliandrinipun dewi Drupadi ugi mempengaruhi corak masyarakat tanah Jawa wekdal semanten. Maithuna utawi free sex, dipun anut kaliyan golongan satria wekdal semanten, saking jaman Darmawangsa ngantos jaman Majapahit.
--------------------------------------------------------------
Islam dateng ing tanah Jawi, dipun sebaraken kaliyan Wali Sanga. Jaman Islam nembe dateng ing tanah Jawi, masyarakatipun taksih nganut agami "majusi", sebagian taksih nglakoni punapa ingkang dipun lakoni "drupadi".
Manggihi keadaan mekaten, para Wali Sanga mboten langsung nentang ngangge bedhil utawi bayonet. Utawi mbengok sora, "Heh, kowe kabeh. Aja padha poliandri !".
Para wali, ngonceki sumberipun, inggih menika BUDAYA. Sifatipun masyarakat dipengaruhi kaliyan Budaya. Yen pengin ngrubah masyarakat, luwih disik kedah ngubah budaya.
Kanti kesimpulan menika, Kanjeng Sunan Kalijaga mulai mendalami budaya Jawi, salah satunggalipun inggih menika nglanjutaken crita mahabarata, ananging crita ingkang mboten cocog kaliyan Islam dipun sesuai-kaken. Drupadi, ingkang ansalipun gadah bojo lima, dados namung gadah garwa setunggal. Drupadi dados namung garwanipun Prabu Puntadewa.
Kanti perubahan crita menika, sethithik mbaka sethithik wawasan masyarakat Jawi mulai berubah.
-------------------------------------------------
Cobi mang bandingke kaliyan keadaanipun bangsa nepal, "ulama" nipun nglirwakake budaya, saengga mboten kuwagang ngrubah cara pandanganipun masyarakat.

Rabu, 27 November 2013

Urip Mung Sak dermo nglakoni

Sejatine urip kuwi  mung sadermo nglakoni. Kabegjan lan gumbiraning ati ora ana sing bisa ngira-ira kapan tekane, semana uga tekane kasusahan ya ora ana sing bisa ngira-ira. Dadi, sejatine titah kuwi ya kaya wayang sing diobahake karo dalang. Dalang sing sejatine dalang ora ana liya maneh kejaba Gusti Allah SWT kang akarya jagad. Ing samubarang gawe lan ing samubarang kahanan sing dadi kasunyatan urip, mestine kudu dilakoni kanti sabar, sukur, lila-legawa. Ora ana maneh, yo mung kuwi. Hananging, titah kuwi uga diparingi pilihan saka gusti Allah. Sakabehing tumindak, pangucap, pangroso, prakaryan kudu dinalar piye carane supaya bisa dadi apik, sing sejatine sakabehing daya kuwi ya saka paringane gusti Allah. Arep ngalor ngidul ngetan ngulon, yo gusti Allah sing ngobahake. Dadi sepisan maneh, urip ki mung sadermo ngelakoni. Sapa kang bisa nglakoni kanti lila legawa, ya iku sejatine suwargane Gusti Allah ing alam donya.
 Kuwajibaning urip iku ana ing laku. Ngilmu iku tinemune uga ana ing laku. Mung wae, ngilmu iku angele yen durung ketemu mula lakonana najan nganti ing pojoking bumi.
Urip kang sejati iku urip kang ora nduweni rasa rumangsa.
Wong kang rumangsa pinter iku sejatine bodho.
Wong kang rumangsa bodho iku sejatine pinter.
Kabeh mau amarga ngilmu iku tanpa wates. dioyaka kaya ngapa ora bakal ana enteke.
Dadi aja rumangsa pinter, mundhak mandheg olehmu ngoyak ilmu, sing akhire ngilmumu mundhak dina ora mundhak tambah, ya mung iku-iku wae ...
Dadia wong kang rumangsa bodho. Insya Allah ilmumu mundhak dina saya tambah. Yen kowe rumangsa bodho mesthi wae pingine ngoyak ngilmu terus. saya dioyak saya rumangsa bodho. Batinmu gumun..."Kok ngilmu ing alam donya iki ora entek-entek?". Saking rumangsa bodhone, ora krasa ngilmumu saya suwe saya tambah.

Rabu, 20 November 2013

MELU TANGI NEDYA AYU

"Melu tangi nedya ayu" artine melu gumbregah nandangi pakaryan murih kabecikane bebrayan.

Ing Ngarsa Sung Tuladha

Terdapat wulang reh dalam "Serat Rama dan Asta Brata (3): Memimpin Harus “Krama Tuhu” dan “Aja Atinggal sarat” Dikisahkan pada bait ke 13 dan 14 pupuh Pangkur, bahwa seluruh aparat dan “wong cilik” dengan seluruh keluarganya tidak ada yang ketinggalan, semua bangkit untuk menjadi baik (milu tangi nedya ayu). Dua baris terakhir bait ke 14 menutup dengan kata-kata:  marmane wajibing raja agawe tuladan bêcik (oleh sebab itu kewajiban raja adalah memberikan keteladanan). Lengkapnya bait ke 13 dan 14 sebagai berikut:


Pemimpin adalah panutan.Untuk menjadi pemimpin yang baik, "keteladanan" adalah kuncinya.

Semua mengikuti kelakuan pimpinannya, bahkan akan lebih seru, seperti dikatakan dalam peribahasa Indonesia: Guru kencing berdiri murid kencing berlari. Bila kita merujuk kepada ucapak Ki Hajar Dewantara: “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani” maka posisi kalimat pertama: “ing ngarsa sung tuladha” ini penting sekali. 
Sumber : Iwan M Muljono, Iwan M Muljono.blogspot.com 


Sekali lagi, "Pemimpin adalah panutan". Kelakuannya, yang baik maupun yang buruk (ing reh ala becik), akan ditiru seluruh rakyatnya (yekti tiniru sajagad). Yang baik akan ditiru baik, yang buruk akan ditiru buruk (ala ya tiniru ala yèn abêcik pêsthi tiniru bêcik). Demikian disebutkan pada bait ke 15 dan 16 pupuh Pangkur sebagai berikut:

  


Sumber : Iwan M Muljono, Iwan M Muljono.blogspot.com