Senin, 02 Desember 2013

SERAT GALIHSARI I

Alam donya sak isine menika cinipta kanti endah dening Allah SWT. Ing wayah enjang sang surya jumedul, anggugah sak kathahing mahluk supados ngudi panguripan lan sakkalangkung kasengsem kaliyan kaendahaning enjang. Ing wayah siang sang surya sumorot madhangi jagad sak isinipun nglantaraken sakehing manungsa ngupaya kabegjan. Ing wayah ndalu, Kartika ing angkasa kagelar maneka warni, kerlap-kerlip ngrenggani langit.
Sedaya kaendahan menika mratandani bilih Gusti Allah SWT ingkang akarya jagad sanget remen dumateng kaendahan. "Allah Maha Indah".
Kasebat ing agami manawi manungsa cinipta dening Allah SWT, lan katurunaken ing bumi menika kapatah supados dados khalifah ing bumi. Sifat-sifat ipun manungsa sebagai kalifah, inggih kedah nyaketi Sifat-sifatipun Allah SWT, termasuk ugi sifat "tresna dumateng kaendahan."

I.  Allah SWT Maha Indah lan tresna dumateng Kaendahan 

Kedadosan ingkang  nyebabaken wontenipun Hadis Nabi Saw :  إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ  Sakleresipun Allah SWT Maha Indah lan tresna dumateng kaendahan, inggih menika rikala salah satunggaling sahabat Rasulullah Saw tangklet dumateng sabdanipun Rasulullah Saw ingkang mekaten : لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ حَبَّةٍ مِنْ كِبْرٍ    ,mboten  mlebet suwarga sinten kemawon ingkang  nggadahi rasa sombong ing batinipun walaupun namung sakwijining zahrrah.

Sak sampunipun midanget sabda Rasulullah Saw bab bahayanipun sifat sombong, salah sawijining sahabat banjur tangklet dumateng Rasulullah:"Ya Rasulullah, lajeng kepripun dumateng tiyang ingkang remen dumateng ageman lan sandal ingkang endah ing warni?". Midanget pitakenipun sahabat, Malik bin Murra'ah dan Abu Raih'a-nah, menika Rasulullah Saw banjur ngendika sabdanipun : إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ  .

Ing hadis menika, ngandung konsep pepenget dumateng bahayanipun sifat takabbur saha kecaman dumateng tiyang-tiyang ingkang takabbur. Perkawis menika dipun salahpahami kaliyan sebahagian sahabat ingkang nganggep bilih ngagem pakaian ingkang sae sarta ngagem sandal awis lan kuat inggih termasuk ing bagian sampun bersikap takabbur. Oleh karena itu Rasulullah Saw menjelaskan bahwa takabbur yang sesungguhnya adalah pengingkaran terhadap kebenaran (al-h{aqq) dan memandang rendah manusia. Adapun menyenangi keindahan merupakan hal yang disyari’atkan sebab Allah Swt Maha-Indah, menciptakan keindahan, dan senang melihat kenikamatan yang telah dikaruniakannya tersebut dimanfaatkan dengan baik oleh hamba-Nya selama dia tidak merendahkan dan menghina manusia. Jika seorang hamba menggunakan kenikmatan tersebut untuk berlaku angkuh dan sombong dihadapn manusia lainnya, maka Allah Swt akan mengharamkan nikmatnya tersebut dipergunakan selanjutnya, dan mereka yang melakuannya terancam berada ditempat yang paling menyesakkan lagi penuh dengan siksaan.

Ing Al-Qur'an, Surat Al-A’raf  ayat 31, inggih dipun sebataken mekaten :
Hai anak Adam, nganggoa klambi kang endah yen sira mlebu ing masjid, mangan dan ngombea, lan aja sira berlebih-lebihan. Sakbenere Allah ora seneng marang wong-wong kang  berlebih-lebihan.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar