Sak tunggaling episode carios mahabarata asli India, wonten ingkang nyebataken rikala Pandawa hanglakoni dados brahmana. Ing ngriku kasebataken, Ibu Kunti dawuh pesen marang putra-putranipun supados urip rukun, yen angsal bebungah utawi sedekah saking tiyang sanes supados didup rata.
Ing sakwijining dinten, Raden Arjuna menangaken sayembara mboyong dewi Drupadi. Sak wangsulipun saking sayembara, raden Arjuna matur kaliyan ibunipun.
Arjuna : " Ibu, kula pikantuk bebungah ingkang sanget endah warninipun."
Ibu Kunti ingkang nembe sibuk masak ing pawon, wangsulan tanpa noleh dateng Arjuna.
Ibu Kunti: " dibagi rata karo sedulur-sedulure, ya ngger..."
Saiba kagetipun ibu Kunti bareng ngertos yen sing di beta Arjuna menika wanodya sulistya ing warni. Amargi mboten pengin cidra ing pangandika, akhiripun dewi Drupadi dipun nikahaken kaliyan sedaya Pandawa lima.
Menika crita saking India....
--------------------------------------------------------------
Bebarengan kaliyan masukipun agami "majusi" saking India dumateng tanah Jawa, carios mahabarata ugi mlebet dateng tanah Jawa. Carios poliandrinipun dewi Drupadi ugi mempengaruhi corak masyarakat tanah Jawa wekdal semanten. Maithuna utawi free sex, dipun anut kaliyan golongan satria wekdal semanten, saking jaman Darmawangsa ngantos jaman Majapahit.
--------------------------------------------------------------
Islam dateng ing tanah Jawi, dipun sebaraken kaliyan Wali Sanga. Jaman Islam nembe dateng ing tanah Jawi, masyarakatipun taksih nganut agami "majusi", sebagian taksih nglakoni punapa ingkang dipun lakoni "drupadi".
Manggihi keadaan mekaten, para Wali Sanga mboten langsung nentang ngangge bedhil utawi bayonet. Utawi mbengok sora, "Heh, kowe kabeh. Aja padha poliandri !".
Para wali, ngonceki sumberipun, inggih menika BUDAYA. Sifatipun masyarakat dipengaruhi kaliyan Budaya. Yen pengin ngrubah masyarakat, luwih disik kedah ngubah budaya.
Kanti kesimpulan menika, Kanjeng Sunan Kalijaga mulai mendalami budaya Jawi, salah satunggalipun inggih menika nglanjutaken crita mahabarata, ananging crita ingkang mboten cocog kaliyan Islam dipun sesuai-kaken. Drupadi, ingkang ansalipun gadah bojo lima, dados namung gadah garwa setunggal. Drupadi dados namung garwanipun Prabu Puntadewa.
Kanti perubahan crita menika, sethithik mbaka sethithik wawasan masyarakat Jawi mulai berubah.
-------------------------------------------------
Cobi mang bandingke kaliyan keadaanipun bangsa nepal, "ulama" nipun nglirwakake budaya, saengga mboten kuwagang ngrubah cara pandanganipun masyarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar