Sejatine urip kuwi mung sadermo nglakoni. Kabegjan lan gumbiraning ati ora ana sing bisa ngira-ira kapan tekane, semana uga tekane kasusahan ya ora ana sing bisa ngira-ira. Dadi,
sejatine titah kuwi ya kaya wayang sing diobahake karo dalang. Dalang
sing sejatine dalang ora ana liya maneh kejaba Gusti Allah SWT kang akarya jagad.
Ing samubarang gawe lan ing samubarang kahanan sing dadi kasunyatan
urip, mestine kudu dilakoni kanti sabar, sukur, lila-legawa. Ora ana
maneh, yo mung kuwi. Hananging, titah kuwi uga diparingi pilihan saka
gusti Allah. Sakabehing tumindak, pangucap, pangroso, prakaryan kudu
dinalar piye carane supaya bisa dadi apik, sing sejatine sakabehing daya
kuwi ya saka paringane gusti Allah. Arep ngalor ngidul ngetan ngulon,
yo gusti Allah sing ngobahake. Dadi sepisan maneh, urip ki mung sadermo
ngelakoni. Sapa kang bisa nglakoni kanti lila legawa, ya iku sejatine
suwargane Gusti Allah ing alam donya.
Kuwajibaning urip iku ana ing laku. Ngilmu iku tinemune uga ana ing laku. Mung wae, ngilmu iku angele yen durung ketemu mula lakonana najan nganti ing pojoking bumi.
Urip kang sejati iku urip kang ora nduweni rasa rumangsa.
Wong kang rumangsa pinter iku sejatine bodho.
Wong kang rumangsa bodho iku sejatine pinter.
Kabeh mau amarga ngilmu iku tanpa wates. dioyaka kaya ngapa ora bakal ana enteke.
Dadi aja rumangsa pinter, mundhak mandheg olehmu ngoyak ilmu, sing akhire ngilmumu mundhak dina ora mundhak tambah, ya mung iku-iku wae ...
Dadia wong kang rumangsa bodho. Insya Allah ilmumu mundhak dina saya tambah. Yen kowe rumangsa bodho mesthi wae pingine ngoyak ngilmu terus. saya dioyak saya rumangsa bodho. Batinmu gumun..."Kok ngilmu ing alam donya iki ora entek-entek?". Saking rumangsa bodhone, ora krasa ngilmumu saya suwe saya tambah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar