Kamis, 17 Oktober 2013

Adigang Adigung Adiguna

Adigang adigung adiguna tegese yaiku ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing diduweni. Adigang yaiku sipat kang ngagul-agulake kekuwataning badan (raga), kayadene kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongsakake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watake ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.saya endah warnane ula, biasane saya mbebayani. --------------------------------- Adigang iku tegesé: ngandelaké marang kakuwatané. Adigung iku tegesé: ngandelaké marang gedhéné. Adiguna iku tegesé: ngandelaké marang kapinterané. Paribasan iki tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé.----------------------- Katelu sipat kasebut ( adigang, adigung lan adiguna ) sejatiné kaiket dadi siji ing sipating manungsa. Mula yèn salah sijiné bisa diudhari kateluné bakal sirna ( mati sampyuh ).--------------------------- Tetembungan iki tau ditembangaké ing karya tembang anggitané sampeyan dalem ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana IV ing Serat Wulangrèh.--------------------------- Gambuh wonten pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan èsthi, adiguna ula iku telu pisan mati sampyuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar