Selasa, 01 Oktober 2013

MEMAYU HAYUNING BAWANA

Manungsa urip ing ngalam donya pancen amung sak kedheping netra. Ing urip kang mung sak kedheping netra iki manungsa kudu tansah memayu hayuning bawana. Tegese tansah ngupayakake kesejahteraan, kebahagian dan keselamatan kanggo awake dhewe, keluargane dhewe lan wong-wong sak indenge dhewe. ------------------------------------- "Amemayu" iku tembung kriya sing tegese ngupadaya supaya tansah "ayu". Dadi, "memayu hayuning bawana" iku tumindak utawa tandang gawe sing tundhone bisa gawe raharjaning donya. Bebuden kang becik utawa bebuden kang luhur, iku ya mung bebuden kang dadi sumbering tumindak kang tumuju marang karahayon.--------------- Ana sing kagungan pamanggih menawa "memayu hayuning bawana" iku sesanti kang mokal lan angel cak-cakane. Lha wong lagi "memayu hayuning kulawarga" utawa "memayu hayuning bebrayan" bae ora gampang, kok arep "memayu hayuning bawana" utawa hayuning jagad!-------------------------------------------- Memayu hayuning bawana iku ora ateges memayu hayuning masyarakat ing saindhenging donya. Kulawarga, masyarakat sadesa, sakecamatan utawa kelompok masyarakat tinamtu, iku uga mujudake peranganing bawana. Dadi, leladi kanggo bebrayan, aweh pambiyantu tumrap fakir-miskin, nindakake jejibahan kanthi becik saengga murakabi tumrap bebrayan, kabeh mau klebu memayu hayuning bawana. Pemimpin kang tansah asung tuladha kang becik, ora korupsi, lan gedhe lelabuhane kanggo rakyat, iku wis jeneng memayu hayuning bawana.--------------------------------------- Bawana, jagad, bumi, rat, iku pancen amba, nanging wilayah kang klebu peranganing bawana iku uga klebu bawana. Pancen, kanthi tembung-tembung mau surasane banjur kaya digedhek-gedhekake. Ing pewayangan, Janaka iku digelari "lelananging jagat". Para raja ing Tanah Jawa jejuluke nganggo tembung-tembung sing maknane padha karo jagat, upamane: Hamengku Buwana, Paku Buwana, Amangkurat, Paku Alam. Para pangeran para manggalaning praja uga ora keri. Ana kang asmane Mangku Bumi, Pakuningrat, Prabuningrat, Kuncaraningrat, lan sapanunggalane. Jagat bae ana jagat gedhe lan jagat cilik. Senajan cilik, nanging ya diarani jagat.------------------------ Ayu, hayu, rahayu, raharja, iku kang diudi dening sok sapaa yang ngugemi sesanti "memayu kayuning bawana". Tembung-tembung mau tegese becik, aman, slamet, lan "sejahtera". Tembung "rahayu" dicamborake karo "wilujeng" dadi "rahayu wilujeng". Ing pamedhar sabda sing nganggo basa Jawa krama, panutuping atur adate dikantheni pangajab "mugi rahayu wilujeng ingkang pinanggih".---------------------------- Priyayi Jawa yen padha bage-binage yen nganggo basa krama adate mangkene: - "Sami sugeng rawuhipun?" + "Angsal pangestu panjenengan, wilujeng." Dene yen nganggo basa ngoko mangkene: - "Rak ya padha slamet ta Le?" + "Iya Ma, aku, mantumu, dalah putumu, oleh pangestumu padha slamet kabeh." ---------------------------------------- Keslametan, karahayon, iku wigati banget mungguhing manungsa. Sesanti "memayu hayuning bawana" iku mujudake pangudi lan pangajab marang karahayon. Karahayon mau kudu tansah diudi murih luwih sumebar lan saya murakabi. Sakabehing tindak lan tandang gawe kang becik, kang murakabi tumraping bebrayan, iku klebu memayu hayuning bawana.------------------- Sifat lan tindak tanduke manungsa iku ana kang tansah gawe kapitunaning bebrayan; ana sing ora gawe pitunaning masyarakat ning ya ora nguntungake bebrayan; ana sing ora ngrugekake masyarakat malah gawe rahayu lan sejahteraning bebrayan. Ya sifat lan pakarti sing keri dhewe iki kang klebu memayu hayuning bawana.------------------ Memayu hayuning bawana iku tumrap wong siji lan sijine ora padha. Kabeh mau gumantung marang kekuatan, kemampuan, keikhlasan, sarta kalungguhane dhewe-dhewe. Sing padha nglungguhi kursi pimpinan duwe kalodhangan lan jejibahan kang akeh kanggo amemayu hayuning bawana. Sing kalungguhane endhek bisa nindakake sesanti mau samurwat karo kalungguhan lan kekuwatanne. Manawa sesanti mau diugemi lan ditindakake wiwit para narapraja, wakil rakyat, PNS lan liya-liyane nganti pimpinan tingkat desa, mbokmenawa cita-cita supaya masyarakat Indonesia maju sarta adil makmur, bisa enggal kaleksanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar