Rabu, 02 Oktober 2013

Jalma Limpat Seprapat Tamat

Jalma limpat seprapat tamat iku tegese wong kang duwe daya linuwih bisa weruh sak durunge winarah. Paribasan isih magepokan karo paribasan liya sing tegesé amèh padha yakuwi: Punjul ing apapak, mrojol ing akerep, sing tegesé kurang luwih jalma sing pinunjul, luwih saka kanca-kancané, bisa mrantasi sakèhing prekara lan tansah ucul saka bebaya lan rubéda.------------------------------------ Bedaya Jawi umumipun kathah anelaah sesanti, inggih arupi sesanti saking tiyang sanes, sesanti saking jagad ingkan ginelar punika, lan sesanti saking Kang Murbeng Dumadi. -------------- Piyantun ingkang limpat saged maos sesanti-sesanti punika. Sanes dados juru ramal ingkang aeng-aeng, maos sesanti menika saking basa isyarat ingkan dipun gelar sak derengipun kedaden. Utawi ing basa Indonesianipun, " Pandai memprediksi apa yang terjadi di masa yang akan datang melalui tanda-tanda yang terjadi di masa sekarang". Menika ingkang kawastan jalma limpat seprapat tamat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar