Aja dumeh dadi panguwasa banjur sia-sia marang sapadha-padha.
Aja dumeh kanggonan drajat lan pangkat banjur sawenang-wenang marang liyan.
Aja dumeh katitipan bandha donya banjur ora ngajeni marang tanggane.
Aja dumeh katempelan ngelmu agal alus banjur nglirwakake mring sasoma.
Aja dumeh rumangsa sugih ngelmu agama banjur ngremehke seni lan budaya.
Aja dumeh bagus rupane banjur cidra marang janjine.
Manungsa amung sak derma hanglakoni.
Kabeh mau amung titipane Allah Kang Murbeng Dumadi.Yen wis titi mangsane langsung ilang sak nalika bali marang Kang Kuwasa. Kamangka uripe manungsa iku amung sak kedheping netra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar